Putratrenggalek .blogspot.com.

Rabu, 25 Januari 2012

Syi’ir Tanpo Waton (By. alm.Gus Dur)

Astaghfirullah Robbal baroooya...Astaghfirullah minal khothoya....
Robbi zidnii ilman nafi’a...Wa waffiqnii  ‘amalan shoolihaa
Ya Rosulalloh salamun ‘alaik... Ya Rofi’a syaani waddaariji
‘Athfatan Ya Jlirotal ‘aalami... Ya uhailal juudi wal karomi
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran... Kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan...Rino wengine tanpo pitungan
*(Rino wengine tanpo pitungan)

Duh bolo konco priyo wanito...Ojo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter dongeng,nulis lan moco...Tembe mburine bakal sangsoro
*(Tembe mburine bakal sangsoro)

Akeh kang apal Qur’an Haditse... Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekke...Yen isih kotor ati akale
*(yen isih kotor ati akale)

Gampang kabujuk nafsu angkoro...  Ing pepaese gebyar ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo...Mulo atine peteng lan nisto
*(mulo atine peteng lan nisto)

Ayo sedulur jo nglaleake...Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake Iman tauhite...Baguse sangu mulyo matine
*(baguse sangu mulyo matine)

Kang aran soleh bagus atine...Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoreqot lan ma’rifate... Ugo hakikot manjing rasane
*(ugo hakikot manjing rasane)

Al-Quran Qodim wahyu minulyo...Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito...Den tancepake ing njero dodo
*(den tancepake ing njero dodo)

Kumanthil ati lan pikiran...Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat Rosul dadi pedoman...Minongko dalan manjing iman
*(minongko dalan manjing iman)

Kelawan Allah kang moho suci... Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi...Dzikir lan suluk jo nganti lali
*(dzikir lan suluk jo nganti lali)

Uripe ayem rumongso aman...Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan...Kabeh tinakdir saking Pengeran
*(kabeh tinakdir saking pengeran)

Kelawan konco dulur lan tonggo...Kang podo rukun ojo ngasio
Iku sunahe Rosul kang mulyo...Nabi Muhammad panutan kito
*(Nabi Muhammad panutan kito)

Ayo nglakoni sakabehane...Allah kang ngangkat derajate
Senajan ashor toto dhohire...Ananging mulyo maqom drajate
*(Ananging mulyo maqom drajate)

Lamun palastro ing pungkasan...Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone...Utuh mayite ugo ulese
*(Utuh mayite ugo ulese)

Ya Rosulalloh salamun ‘alaik...Ya Rofi’a syaani waddaarooji
Athfatan Ya Jlirotal ‘aalami...Ya Uhailal juudi wal karomi

Al-Fatihah...

Hadanallah wa iyakum wal ‘afa minkum wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

tinggalkan komentar anda disini

pt>